Senin, 04 April 2011

SLIRAMU




Sliraku isih ono kene
Tekaning dino kang wes ka’ukir janji
Aku tansah ngenteni…nganti kapan
Aku ngenteni…

Tresno iki yo mung kanggo sliramu dhi
Rino kalawan dalu tansah tak tunggu
Sineksen lintang kang ana ngangkoso
Janji isih tak gegem siset ono ing dodo

Kagowo sumilir’e angin
Kawedar ing tengah wengi
Kacampur petenging ndedet
Rasaku marang sliramu sansoyo manteb

Dhi…hamung jenengmu kang katulis
Ono sakjroning manah lan atiku
Ora ono liyo kajobo sliramu…
Ora ono liyo kajobo tresnamu..

Saumpomo tresno iki kawedar..
Ora cukup tembung kang ono
Yo mergo sliramu kang wis lungguh
Ono sak nduwuring damar kencono
Kang mapan ing sak lebet’ing atiku
Rumesep ono balung sumsumku